RINGKASAN
MATERI BAHASA JAWA KELAS 5 SD SEMSETER 1
NGRUNGOKAKE
CRITA RAKYAT / TRADISI
Dongeng kalebu crita rakyat. Crita rakyat iku diwarisake turun temurun. Saka
buyut menyang simbah, simbah menyang bapak utawa ibu. Banjur saa wong tuwa
marang anak, lan sapiturute.
Unsur – unsure cerita rakyat :
1.
Irah – irahan yaiku judul crita
2.
Tema yaiku lanjering prakara
3.
Amanat yaiku weling pangripta
4.
Paraga yaiku tokoh kang ana ing sajroning crita
5.
Latar yaiku panggonan dumadine crita
6.
Alur yaiku urut – urutane crita.
NANGGEPING
SAWIJINING PRASTAWA
Prastawa ana sambung rapete karo kedadean. Kedadean
sing wis kepungkur diarani pengalaman. Kedadean ana sing nyenengke lan ana sing
gawe sedih. Sabanjure, menawa arep ngaturke tanggepan bisa migunakake ukara
pitakon. Ukara pitakon dumadi saka tembung pitakon. Tembung sesulih pitakon
yaiku tembung kang gunane kanggo pitakon. Sing kalebu tembung pitakon sesulih
yaiku :
1. Endi nakokake sawijining
pilihan.
2. Pira nakokake cacah utawa
wilangan.
3. Ngapa lan genea nakokake
mula bukane sawijining bab.
4. Kepriye nakokake kahanan.
5. Sapa nakokake pawongan.
6. Kapan nakokake wektu
7. Apa nakokake barang.
8. Ing ngendi nakokake papan panggonan.
NULIS GAWE KITIRAN
Manawa arep gawe layangan, kudu
ngerti ubarampe lan carane ng gawe. Carane gawe uga kudu urut supaya asile bisa
apik.
Ubarampe :
a. Kertas Manila usuran 15 x 15 cm
b. Kertas karton digawe bundheran cilik
c. Kawat cilik 30 cm
d. Ganthilan pring.
e. Lem.
f. Gunting.
Carane nggawe
a. jupuken kertas Manila.
b.
guntingen pucuk-pucuke nganthi tekan titik tengahe kanthi jarak 5 cm saka titik tengahe.
c.
pucuk-pucuke kertas dilem lan ditempelake ing titik tengahe.
d.
pucuk-pucuke kertas sing wis ditempelake mau, banjur ditutup karo kertas karton
bunderan cilik ing tengahe kertas ditusuk nganggo paku banjur dipasangi kawat
cilik.
e.
Gawea kitiran cacahe loro banjur pasangen ing ganthilan pring.
NGRUNGOKAKE
TEMBANG GAMBUH
Tembang macapat iku nduweni paugeran tartamtu,
paugeran iku kaya ing ngisor iki :
1.
Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra
2.
Guru gatra yaiu baris
3.
Guru wilangan yaiku cacahe wanda saben sagatra
Tembang gambuh klebu tembang macapat. Tembang gambuh kuwi diwaca sasekecanipun
utawa sakpenake. Tembang gambuh iku nduweni pratandha, yaiku :
1. Kadadean saka limang gatra.
2. Guru wilangan lan guru lagune : 7u
10u 12i 8u 8º
3. Watake
sumanak sumadulur,prayoga kanggo aweh pitutur, utawa sesorah sing ngemu rasa
rada sereng.
MICARA CRITA WAYANG
Wayang minangka wujud budaza
jawa. Crita wayang nduweni piwulang – piwulang tumrap manungsa dadi tuladha
tumindak bebener lan tumindak ala. Jinise wayang kayata ing ngisor iki, yaiku :
1. Wayang gedog
2. Wayang purwa
3. Wayang klithik
4. Wayang wahono
5. lan sapiturute
Piwulang – piwulang kang ana ing
crita wayang, yaiku :
1. Kepahlawanan ( Kumbakarna, Adipati Karna )
2. Kasetyan ( Dewi Sinta, Suwanda )
3. Angkara murka ( Rahwana, Duryudana )
4. Jujur ( Puntadewa )
5. lan sapiturute.
Ngrembug babagan paraga
Puntadewa, akeh pitutur – pitutur becik sing bisa dituladhani.
Puntadewa kalebu Pandhawa,
tegese pandhawa yaiku anak lima lanang kabeh. Ana ing pandhawa, Puntadewa dadi
anak sing comer siji. Mula diarani pambarepe pandhawa.
Prabu Puntadewa nduweni watak
sabar, ngemong karo adhi – adhine, Jujur, lan wicaksana. Mula sedulure akeh lan
ditresnani para kawula.
Prabi Puntadewa miyos saka Prabu
Pandhudewanata lan Ibu Kunthi. Saiki Prabu Puntadewa dadi nata ing Amarta.
Piyambake nduwe sanjata jamás Kalimasada lan songsong tunggulnaga. Prabu
Puntadewa duwe anak Raden Pancawala.
NULIS EKSPOSISI
Nulis eksposisi kena diarani ngandharake carane gawe barang. Sadurunge gawe
barang, prayogane kudu bisa nemtokake urut – urutane sing trep. Tujuwane supaya
barang sing dihasilake kaya sing diajab. Urut – urutane nulis disposisi yaiku :
1. Nulis piranti – piranti sing dibutuhake.
2. Nulis urut – urutane.
Tuladha :
GAWE JUMBREG
Ubarampe :
1. Glepung beras 125 gram.
2.
Gula jawa 300 gram, diris alus.
3. Santen 1.000 ml, digawe
saka klapa setengah biji.
4. Rong lembar godhong
pandhan.
5. Uyah setengah sendhok teh.
6. Glepung sagu 30 gram.
7. Janur sing digawe wujud
trompet kanggo wungkus.
Carane gawe :
1.
Santen udakara 500 ml (skala 1.000 ml sing disedhiyakake) digodog nganti umub
lan dicampur gula jawa, godhong pandhan lan uyah. Diudak
nganti ajur lan warata nyampure. Yen wis banjur disaring lan adhem.
2.
Sisane santen dicamour karo glepung beras lan glepung sagu. Diudhak nganti
rata. Ilingana godhogan gula jawa lan dimasak nganti umub temen-temen.
3.
yen wis umub banjur diecurake ing wadhah janur sing dipepeki ampas
klapa kasar. Didhem lan sabanjure bisa disuguhake.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar